Ing dina fitri punika sampun lepas mantol kula sampun mengkup payung kula sampun ndaplang tangan kula siap klebus diudani pangapura saking ati andika ingkang sajembar samudra sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula Tan kena udan pangapura andika reda sakdurunge nglunturake sakabehe dosa Tan kena srengenge ngetokke sinarira sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.
Sugeng Rawuh Para Sederek ! . kesuwun wis mampir rika aja kelalen sembayang ya jan aja pada kelalen gemien senenge yag yagan maring alas,terus dusdusan neng kedung ya munkin siki wis pada dadi bos ya anane cijanggot.blogspot.com untuk mengingatkan kenangan masa-masa dahulu kala .

Laman

Kamus Ngapak

0 komentar

A.
Agep=Arep/Akan/Mau
Angkeb-angkep = Tengkurep

B.
Bawon = Bagian Padi Sebagai Ongkos Panen
Bagen Jukun = Biarin Aja
Bencil = tikus
Blijing = Telanjang Dada
Brindis = Habis
Brengkolang = Dilabrak
Badog = makan ( ungkapan kasar)
Blandong = Tukang Tebang pohon/Juragan Kayu

C.
Catho = kepiran
Cipir = penakut
Cungur = Hidung ( kasar )
Cakul = Ikan Kecil

D.
Dages=Dage/Bongkrek
Dobol = Bohong (Ungkapan Kasar)
Dong-dong krel = kenthongan
Dlohom = Bengong
Derep = Panen
Diplong = Dibiarkan terbuka
Dimin = Dulu/madang dimin = Makan Dulu…
Dingin = Dulu/madang dimin = Makan Dulu…

E.
Elik = Marahan

G.
Gambok = sebutan untuk ibu ( mbok )
Gendul = botol
Glebeg= Nagis minta sesuatu
Gigal = Jatuh
Gepuk = Mencangkul Sawah
Genjlong = Gila
Gagian = Cepetan
Gili= Jalan
Geneng = kan ( kata penegas )
Grabisan = nakal

H.
Honon = goblok

I.
Ilokaneng = Apa betul
ijig ijig = tiba-tiba
Iras = langsung ( sekalian )

J.
Jengkok = Kursi kecil
Jidag = Gagah/Cekatan
Jimot = ambil

K.
Kader = Cuman
Kampil = Bantal
Kayonge = Kayaknya
Kerungkeb = Tersungkur
Kemradak = Tunggang Langgang
Kondong= Tempat Menyimpan Hasil Panen ( Gudang )
Kebataneng = Lalu

L.
Letrik = Lenjeh/Kemayu
Lengib = Gila

M.
Men = sekali (Kata Penegas) Adoh men = Jauh Sekali
Mblangkemi = infeksi
Mlimping = Kelihatan sexy/Imut
Mboran = Kayaknya
Mbathu-Mbathu = Makan/makan sampai monyong
Mbentongor = Tidak Sopan
Mawi = Tidak usah
Marah = Buruan
Maring= Ke
Mrangal= tertawa lebar

N.
Nedak= Menerobos tempat orang lain
Ndresani=melasi/kasihan
Ndremimil= Nyrocos
Ndongos= Mrongos/Tonggos
Ndandeng = bepergian jauh
Ngersula= Mengeluh
Ngenthurit = lari secepat-cepatnya
Nyekek = makan (ungkapan Kasar )
Njlungkanang = Terbalik,bergelimpangan (pada terbalik )
Nin (iya nin ) = Kata penegas untuk mengiyakan
Nglius = Pergi begitu saja
Nyingik = Menonjol tapi kecil
Ngayag = Tidak Jelas ( Sikap )
Nawin ( iya nawin ) = Kok..( iya kok )
Ngedap = Males
Nylingker = Melingkar,muter
Ngedeng /kedengen= Tiduran
Nyaut= Menimpali
Njubleg = duduk

O.
Ora ketang = Paling tidak

P.
Penjorangan = Sembarangan
Panggeng = Terpatung
Pager = Gedeg/dinding dari anyaman bambu

R.
Retung= Banget/Tidak Terhitung
Regem =Menangkap Ikan dengan Tangan
Rawogan = Ngragas/Apa-apa Doyan

S.
Sander = cepat
Siwur = Gayung
Senthong = Kamar
Sipet = dimatikan
Sonten = Walaupun
Suwung=Kosong
Slepa = Tempat tembakau

T.
Tawasan = Kalau tau begini
Tiriggan = Ikut-ikutan
Tlanjikan = Pecicilan
Tegi = Tutup (ditutup)
Thuklu = Kursi Kecil

dolanan tradisional karangpucung

3 komentar
jeneng-jeneng dolananan(permainan)sing wis pada punah sing wis jarang generasi bocah cilik jaman siki
umpet-umpetan (petak umpet)
linthongan (petak umpet)
thiut-thiutan,pande,dengklek,uthit,uwet,teplokan,kar-karan,mekrik=dicemek ditarik,gambul,pasaran,tulup-tulupan,lah wis pada kelalen esih akeh maning jan-jane

jonjang=
"jonjang acak icik sing due kacang aja brisik sing brisik tungkup"

penemu benua amerika?

2 komentar
sekedar ceritalah diwaca ya ngonoh ora ya bagenlah terserah rika


dadi benua amerika kue penemune sapa njajal,ya wong cilacap,kok bisa???
singkat kata singkat cerita dadi jaman gemien kue si colombus lagi berlayar sekang sepanyol nggolet pulau anyar,dadi sedurunge colombus nemukna benua amerika si colombus ngliwati pelabuhan tanjung intan cilacap,niate arep liren wis bedug madang ndisit.nah neng pelabuhan ana nelayan wong cilacap lagi ngumbaih prahu.terus si colombus takon karo wong kue..

colombus:kang kang aku nunut liren yah
wong cilacap:ya mangga ngeneh medang disit rika
colombus:iya genah kesel koh sekang sepanyol yawis aku medang ndisit yah
wong cilacap:rika wong spanyol adoh temen nggolet apa sih
colombus:iya genah adoh adoh nggolet pulau sing urung ana penduduke di kongkon ratu isabela
wong cilacap:oh nggolet pulau sing urung ana penduduke teng mrika kayane ana kang tapi angker tempate
colombus:nangendi kang
wong cilacap:Mrika mrika
colombus:yawis aku jalan maning yah kesuwun budin rawune,,
wong cilacap:ya disalmet-slamet


nah si colombus langsung melanjutkan perjalanan meninggalkan pelabuhan cilacap singkat kata si colombus nyampe pulau sing bener-bener urung ana penduduke,colombus berkata"ahkire aku nemokna juga "tapi bingung kie jenenge pulau apa,si colombus langsung kemutan maring omongane wong cilacap mau sing nidokna "mrika" "mrika"
langsung colombus njenengi benua amerika

kompor gas apa pawon?

5 komentar


kompor gas siki dadi perbincangan sing lagi rame neng indonesia,sekang awale taun 2007 tekan sprene .kue kebijaksanane pemerintah sekang minyak latung maring kompor gas,pertamane emang nggo ngiritna duit kas negara jarene pemerintah,terus pada dibagekna gratis nggo masarakat.tapi siki-siki malah dadi ngresahna masyarakat indonesia kususe wong cilacap lan sekitare,kompor gase pada mbledug,gas sing telungkilo mulai mangan korban wis akeh ,,ana sing slamet,ana sing mati,umaeh pada rubuh gara-gara gas kue,iya kompor gase sih gratis tapi kualitase ora apik nggramet,malah dibayar karo nyawa,jan-jan pemerintaeh nggolet bati bae,ora gelem rugi,


sebenere kepenak nganggo kompor gas ,wengi-wengi kencot langka sega langka jangan karo lawuh,ya gari masak mi, ceklek-ceklek langsung murub genine,ora perlu ngepluki suluh ndisit ora perlu nduduti sumbu kompor,kue sisi apike,tapi resikone nyawa,waduh kayane mendingan ngango pawon maning daripada mati mendingan nggolet suluh,ngepluki suluh,mendingan nganggo pawon masakne ya lweih enak,ya mbok

Terminal Karangpucung

3 komentar
Terminal Karangpucung Kue banyak kenangane selain tempat nggo mangkal Bis AKAP ,mangkal ojeg,mangkal becak,ya ora salah maning nggo mbolos sekolah khususe nggo bocah sekolah,jam pitu kudu wis mlebu sekolah jam wolu esih neng terminal,mangan mendoan karo udud kepas-kepus.terus cuci mata plirak-plirik nyuiti prawan.jan nikmat men kayane,yah aku ge ngalami dewek,ana maning saking favorite neng terminal ora kilangan akal.dadi pada totoan cilik-cilikan totoane sewuan.akeh akehan plat nomer mobil sing liwat syarat Pilihan Plate "B" Karo "D" Plat "B" jakarta Plat "D" bandung, ya ngantek sore akeh akehane nganti wayaeh balik sekolah...ya nggo sekedar mengingatkan jamane nyong pada esih sekolah...ya jaman sikimah mbolose wis ora neng terminal maning ndean wong jamane wis canggih sih.nek ora neng tempat Ps Karo Neng Warnet Ora bae...Dolanane facebooookan.

jeneng jeneng daerah karangpucung

2 komentar
karangpucung,cijanggot,cukangawi,tayem,sindangbarang,sindang kasih,suryan,cipondok,banjar waru,cilantung,cijati,karang jati,cimendong,ciraja,surusunda,citando,binangun,purbayasa,
jetak,blisuk,gunungtelu,cijoli,cibrangakan,cibolor,gunung sumbul,bongas

met suluh

0 komentar
uh jaman saiki bocah2 nome ora pada gelem met suluh geleme ngeband,gitaran,glondang glandung ora nggenah,soale jamane aku kompor esih jarang,dadineng aku met suluh neng krinjingan terus cigeblugan terus igir larangan alah ora bisa kesebut kabeh esih akeh maning tempate sing wis tak ubek2 kabeh kebonane, met suluh pangpung terus met klari,mancung,manggar,neng kebonane ewong aduh kepriwen maning ya aku ora due kebonan ya met sulueh neng kebonane batir.tapi wis umum wong lia juga kaya kue,nek met pangpung se bedug wis olih sa uyun ya wis ayem gari nggolet sa uyun maning dadineng bisa gawa balik sa pikul,,jan kelakuane nek ngelak met dawegane wong,jan ora tanggung2 mete setundun jan mbok ora patut,ya wong met sulueh bocah limaan,nek met siji ya kurang, kadang nek ana wit gedang rubuh sing wis mateng ya nggo rebutan,nek wis sore pada balik wis di tenggoni deng biyunge sulueh arep nggo adang,,