Ing dina fitri punika sampun lepas mantol kula sampun mengkup payung kula sampun ndaplang tangan kula siap klebus diudani pangapura saking ati andika ingkang sajembar samudra sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula Tan kena udan pangapura andika reda sakdurunge nglunturake sakabehe dosa Tan kena srengenge ngetokke sinarira sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.
Sugeng Rawuh Para Sederek ! . kesuwun wis mampir rika aja kelalen sembayang ya jan aja pada kelalen gemien senenge yag yagan maring alas,terus dusdusan neng kedung ya munkin siki wis pada dadi bos ya anane cijanggot.blogspot.com untuk mengingatkan kenangan masa-masa dahulu kala .

Laman

Sedekah Bumi

Sedekah Bumi Kue intine Bersyukur karo sing kuasa wis di paringi Keselamatan nang bumi,Ora Tua Ora enom bocah cilik bocah gede Jaman Gemien Pada Kumpul Neng Ndalan Kepungan madang bareng-bareng neng ndalan ,Nek sedekah bumi kue pasti nyembeleh wedus,dadi jaman gemien ndas weduse nggo sajen di pendem neng perapatan dalan..tapi dipikir maning deng masyarakat eman-eman ndas weduse nek di pendem, waktu enyong cilik dadine di masak endas weduse kan dadi di pangan ora mubazir.lawueh pirang-pirang pada njeprah jangan apa bae ana sekang jangan terong, jangan bayem ,jangan kacang, terus jangan gandul campur kecambah .Pokoke rame banget.aku esih Cilik Nang Dusun Cijanggot Dadi Kawit Cilik Butul Sekolah Sd kelas 6 esih ngalami sing jenenge sedekah bumi.Tapi Siki Embuh Ora ana kabare maning.