Ing dina fitri punika sampun lepas mantol kula sampun mengkup payung kula sampun ndaplang tangan kula siap klebus diudani pangapura saking ati andika ingkang sajembar samudra sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula Tan kena udan pangapura andika reda sakdurunge nglunturake sakabehe dosa Tan kena srengenge ngetokke sinarira sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.
Sugeng Rawuh Para Sederek ! . kesuwun wis mampir rika aja kelalen sembayang ya jan aja pada kelalen gemien senenge yag yagan maring alas,terus dusdusan neng kedung ya munkin siki wis pada dadi bos ya anane cijanggot.blogspot.com untuk mengingatkan kenangan masa-masa dahulu kala .

Laman

met suluh

uh jaman saiki bocah2 nome ora pada gelem met suluh geleme ngeband,gitaran,glondang glandung ora nggenah,soale jamane aku kompor esih jarang,dadineng aku met suluh neng krinjingan terus cigeblugan terus igir larangan alah ora bisa kesebut kabeh esih akeh maning tempate sing wis tak ubek2 kabeh kebonane, met suluh pangpung terus met klari,mancung,manggar,neng kebonane ewong aduh kepriwen maning ya aku ora due kebonan ya met sulueh neng kebonane batir.tapi wis umum wong lia juga kaya kue,nek met pangpung se bedug wis olih sa uyun ya wis ayem gari nggolet sa uyun maning dadineng bisa gawa balik sa pikul,,jan kelakuane nek ngelak met dawegane wong,jan ora tanggung2 mete setundun jan mbok ora patut,ya wong met sulueh bocah limaan,nek met siji ya kurang, kadang nek ana wit gedang rubuh sing wis mateng ya nggo rebutan,nek wis sore pada balik wis di tenggoni deng biyunge sulueh arep nggo adang,,
  • rss
  • Del.icio.us
  • Digg
  • Twitter
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Share this on Technorati
  • Post this to Myspace
  • Share this on Blinklist
  • Submit this to DesignFloat

0 komentar:

Posting Komentar

pendapate rika priwe?