Ing dina fitri punika sampun lepas mantol kula sampun mengkup payung kula sampun ndaplang tangan kula siap klebus diudani pangapura saking ati andika ingkang sajembar samudra sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula Tan kena udan pangapura andika reda sakdurunge nglunturake sakabehe dosa Tan kena srengenge ngetokke sinarira sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.
Sugeng Rawuh Para Sederek ! . kesuwun wis mampir rika aja kelalen sembayang ya jan aja pada kelalen gemien senenge yag yagan maring alas,terus dusdusan neng kedung ya munkin siki wis pada dadi bos ya anane cijanggot.blogspot.com untuk mengingatkan kenangan masa-masa dahulu kala .

Laman

kompor gas apa pawon?



kompor gas siki dadi perbincangan sing lagi rame neng indonesia,sekang awale taun 2007 tekan sprene .kue kebijaksanane pemerintah sekang minyak latung maring kompor gas,pertamane emang nggo ngiritna duit kas negara jarene pemerintah,terus pada dibagekna gratis nggo masarakat.tapi siki-siki malah dadi ngresahna masyarakat indonesia kususe wong cilacap lan sekitare,kompor gase pada mbledug,gas sing telungkilo mulai mangan korban wis akeh ,,ana sing slamet,ana sing mati,umaeh pada rubuh gara-gara gas kue,iya kompor gase sih gratis tapi kualitase ora apik nggramet,malah dibayar karo nyawa,jan-jan pemerintaeh nggolet bati bae,ora gelem rugi,


sebenere kepenak nganggo kompor gas ,wengi-wengi kencot langka sega langka jangan karo lawuh,ya gari masak mi, ceklek-ceklek langsung murub genine,ora perlu ngepluki suluh ndisit ora perlu nduduti sumbu kompor,kue sisi apike,tapi resikone nyawa,waduh kayane mendingan ngango pawon maning daripada mati mendingan nggolet suluh,ngepluki suluh,mendingan nganggo pawon masakne ya lweih enak,ya mbok
  • rss
  • Del.icio.us
  • Digg
  • Twitter
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Share this on Technorati
  • Post this to Myspace
  • Share this on Blinklist
  • Submit this to DesignFloat

5 komentar:

rawins mengatakan...

nek saling tuding terus ora ana rampunge lik. masyarakat juga kudu blajar mandiri. pemerintah kudune sosialisasi nek regulator kuwe ora bisa dinggo selawase. wis dewei tabung sekompore gratis, masa ganti slang esih kudu digratisi maning. selengkape mangga tiliki nangkene...

Unknown mengatakan...

serba salah deneng dadi wong cilik yah...

Ali Rahmat mengatakan...

Ya nganggo kompor gas bae ning sing ngati-ati,,,

Anonim mengatakan...

kompor gas wis jarang mbledug siki malah kompor bumi sing pada mbledug.........(gunung)

Anonim mengatakan...

mendingan ya ngango kompor gas bae,lewih kepenak,

Posting Komentar

pendapate rika priwe?