Ing dina fitri punika sampun lepas mantol kula sampun mengkup payung kula sampun ndaplang tangan kula siap klebus diudani pangapura saking ati andika ingkang sajembar samudra sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula Tan kena udan pangapura andika reda sakdurunge nglunturake sakabehe dosa Tan kena srengenge ngetokke sinarira sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.
Sugeng Rawuh Para Sederek ! . kesuwun wis mampir rika aja kelalen sembayang ya jan aja pada kelalen gemien senenge yag yagan maring alas,terus dusdusan neng kedung ya munkin siki wis pada dadi bos ya anane cijanggot.blogspot.com untuk mengingatkan kenangan masa-masa dahulu kala .

Laman

KARANGPUCUNG-e NYONG

Kawit esuk tekan ngawan sekolah neng sma-ne wong karangpucung, wetan terminal, kulon measjid, ngarep kua, nek wong karangpucung ari ora ngerti-mah kebangeten (udu kebongeden yah), ya kue jenenge sma jendral ahmad yani. Bali sekolah aku ngarit, bar ngarit mbedag bajing neng krinjingan, lebake gunung sumbul. Kadang olih, tapi seringe ora olih, mbuh bajinge sing wis entong apa aku sing ora jago, perkara kuwe aku ya ora ngerti tekan siki. Mbengine ngeband, ari ngaji jan wis kayane tekan smp thok, lulus smp melu lulus ngajine, mung khatam turutan thok, isin sih jane. Nek ora ngeband ya paling nggolet prawan maring Tayem, kadang Mblisuk, nek ana duit maring Surusunda, nek kakehen duit paling adoh maring Majenang. Nek lagi kere cukup tuku mendoan neng Koplak, kadang malah mung nongkrong thok, ndomblong.



Kuwe ganu pas lagi sma, lagi neng karangpucung urung rame. Apa siki wis rame?. Jane rame sih urung, tapi ya wis madan mendingan. Siki akeh rukone, ana toko sing apik tapi krung-krungu jerene regane larang dadi mbebeih. Trus wis akeh rental musike, ana papat mah ndeyan, pas aku sma mah anane rental ps, njeprah. Rental komputer ya wis akeh juga, tapi regane esih larang, mulane nek urip neng karangpucung bae angel pintere, paling-paling pinter nginum, nginum ciu, esih ana ora yah? madan kangen karo ambune..... Trus sing anyar ya kae, rental internet, tapi payu ora yah? madan ana kemajuan, karangpucung melek teknologi, dadi bisa ngintip Jenifer Lopes neng amrik kana, bisa chating karo lilike sing neng Hongkong,ora kudu adoh-adoh nelpon sekang wartel prek koplak,ora kudu larang-larang nelpon maring luar negri.kelalen siki wartel wis tinggal kenangan yah soale wis pada due hape dewek-dewek,ora cilik ora gede,ora tua ora enom,ora lanang ora wadon,butul nini-nini due hape kabeh,ya wong karangpucung tok sing kaya kue ngerti mbuh ora nganggone sing penting hapene apik sing penting hapene BB,ya bagenlah genah pengin pamer karo wong-wong,
  • rss
  • Del.icio.us
  • Digg
  • Twitter
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Share this on Technorati
  • Post this to Myspace
  • Share this on Blinklist
  • Submit this to DesignFloat

10 komentar:

ASM mengatakan...

deneng critane ora rampung?????

Anonim mengatakan...

jan mblekatak temen

Anonim mengatakan...

mbuhlah

Unknown mengatakan...

wes rampung kiye critane ?

Unknown mengatakan...

kiye wes rampung critane urung ?

rawins mengatakan...

apa prawan tayem ayu-ayu lik..?
jal nyong dengeih siji...

Unknown mengatakan...

Doyan ciu koh..

mampir yah kang meng gubugku http://suropeji.com

Unknown mengatakan...

kie kayane turu mbok rikane ya kang? ws gole crita ra rampung, critane ya kur ky kue tok lah.... tangi tangi kang!!!!

Ali Sandaran Hati mengatakan...

iya mnegko tak rampungna sedulur,,genah sibuk nggolet menir koh......

Ali Rahmat mengatakan...

Semene thok kiye critane apa?

Posting Komentar

pendapate rika priwe?